19 Bar kuwi, Mikaya kandha, ”Saiki rungokna omongané Yéhuwah. Aku ndelok Yéhuwah lungguh ing takhtané+ lan kabèh pasukan langit padha ngadeg ing cedhaké, ing sisih tengen lan kiwané.+
11 Terus, aku ndelok ana akèh banget malaékat ing sekitaré takhta lan kerub papat kuwi, lan ing sekitaré para pinituwa kuwi. Aku ya krungu swarané para malaékat kuwi. Jumlahé para malaékat kuwi ana puluhan èwu ping puluhan èwu lan éwonan ping éwonan.+