-
Kaimaman 16:21, 22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Harun kudu ndèlèhké tangané loro-loroné ing endhasé kambing sing isih urip mau lan ngakoni kabèh kesalahan, pelanggaran, lan dosa-dosané wong Israèl. Kuwi kaya-kayané Harun ndèlèhké kabèh dosa kuwi ing ndhuwur endhasé kambing kuwi. Terus, Harun kudu mènèhké kambing kuwi+ marang wong sing wis ditugasi, lan wong kuwi kudu ngeculké kambing kuwi menyang padhang belantara. 22 Kambing kuwi kudu dieculké menyang padhang belantara+ bèn nggawa kabèh kesalahané wong Israèl.+
-
-
Yérémia 31:34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
34 ”Wong-wong kuwi ora bakal mulang kancané lan seduluré nganggo cara kandha, ’Kowé kudu kenal karo Yéhuwah,’+ merga kabèh wong kuwi bakal kenal karo Aku, saka rakyat biasa nganti pejabat,”+ kandhané Yéhuwah. ”Aku bakal ngapura kesalahané wong-wong kuwi, lan dosané ora bakal Tak éling-éling manèh.”+
-