19 Bar kuwi, Mikaya kandha, ”Saiki rungokna omongané Yéhuwah. Aku ndelok Yéhuwah lungguh ing takhtané+ lan kabèh pasukan langit padha ngadeg ing cedhaké, ing sisih tengen lan kiwané.+
13 Ujug-ujug, ana akèh banget pasukan malaékat* sing teka lan muji Gusti Allah bareng karo malaékat mau.+ Para malaékat kuwi kandha, 14 ”Muga-muga Gusti Allah ing swarga dimulyakké. Muga-muga wong-wong sing ditresnani Gusti Allah ngrasakké ayem tentrem ing bumi.”