14 Dhèwèké kuwi Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé,+
Dhèwèké ngadili kabèh wong ing bumi.+
15 Gusti Allah ora lali karo perjanjiané,
Dhèwèké éling karo janjiné nganti saklawasé,+
16 Yaiku perjanjian sing wis digawé karo Abraham,+
Lan sumpah sing wis diucapké marang Ishak.+
17 Sumpah kuwi dadi jaminan kanggo Yakub+
Lan dadi perjanjian kanggo Israèl nganti saklawasé.
18 Gusti Allah ngomong, ’Aku bakal mènèhké tanah Kanaan+
Bèn dadi warisan kanggo kowé.’+