-
Para Hakim 6:1-5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Ning, wong Israèl nindakké manèh apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah.+ Mula, Yéhuwah ora mbantu wong Israèl wektu ditindhes wong Midian pitung taun suwéné.+ 2 Wong Midian nindhes wong Israèl.+ Merga wong Midian, wong Israèl nggawé panggonan kanggo ndhelik* ing gunung-gunung, guwa-guwa, lan panggonan liyané sing angèl diparani.+ 3 Nèk wong Israèl nyebar benih, wong Midian, wong Amalèk,+ lan wong-wong saka Wétan+ bakal nyerang wong Israèl. 4 Wong-wong kuwi padha kémah bèn isa nyerang lan ngrusak hasil tanahé wong Israèl nganti tekan Gaza. Mula, wong Israèl babar blas ora nduwé panganan, domba, sapi, utawa keledai.+ 5 Wong-wong kuwi akèhé kaya walang+ lan padha teka karo nggawa ternak lan téndha. Unta-untané ya akèh nganti ora isa diétung.+ Wong-wong kuwi teka arep ngremuk tanah Israèl.
-