-
Yésaya 61:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
61 Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa mènèhi aku roh suciné.+
Yéhuwah milih aku bèn aku nyritakké kabar apik marang wong sing rendah hati.+
Dhèwèké ngongkon aku nambani* lukané wong sing lara ati,
Ngandhani nèk wong sing ditawan bakal dibébaské,
Ngandhani nèk para tahanan bakal isa ndelok manèh,+
2 Ngandhani nèk wis tekan wektuné* Yéhuwah nduduhké rasa mesakké,
Ngandhani nèk wis tekan wektuné* Gusti Allah mbales mungsuh-mungsuhé,+
Menghibur kabèh wong sing sedhih,+
3 Nggatèkké wong sing sedhih merga Zion,
Mènèhi wong-wong kuwi hiasan sirah gantiné awu,
Mènèhi wong-wong kuwi minyak bèn ngrasa seneng lan ora sedhih manèh,
Lan mènèhi wong-wong kuwi klambi sing isa dienggo pas muji Aku bèn wong-wong kuwi ora putus asa manèh.
Wong-wong kuwi bakal nindakké akèh tumindak sing bener.
Wong-wong kuwi bakal dadi kaya wit sing gedhé lan kuwat,
Sing ditandur Yéhuwah, bèn isa ngluhurké Dhèwèké.+
-