-
Wilangan 21:33-35Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
33 Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi mbalik lan mangkat ngliwati dalan menyang Basyan. Terus, Og+ raja Basyan bareng karo kabèh pasukané mangkat perang nglawan wong-wong kuwi ing Édréi.+ 34 Yéhuwah kandha marang Musa, ”Aja wedi karo dhèwèké+ merga Aku bakal nyerahké dhèwèké, kabèh pasukané, lan tanahé ing tanganmu.+ Kowé bakal ngalahké Og, kaya kowé ngalahké Sihon rajané wong Amori sing manggon ing Hésbon.”+ 35 Mula, wong-wong kuwi ngalahké dhèwèké, kabèh anaké, lan kabèh pasukané. Ora ana sing slamet.+ Terus, wong-wong kuwi ngrebut tanahé.+
-