PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 15:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Yéhuwah Gusti Allahku, Njenengan bakal nuntun umat-Mu bèn isa manggon ing gunung-Mu,+

      Panggonan sing wis Njenengan pilih dadi panggonan-Mu,

      Oh Yéhuwah, kuwi panggonan sing suci, sing dibangun nganggo tangan-Mu.

  • Mazmur 78:55
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 55 Dhèwèké ngusir bangsa-bangsa liya saka ngarepé wong-wong kuwi.+

      Dhèwèké mbagi-mbagi warisan marang wong-wong kuwi nganggo tali sing dienggo ngukur.+

      Dhèwèké nggawé suku-suku Israèl manggon ing omahé dhéwé-dhéwé.+

  • Mazmur 80:8, 9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  8 Njenengan nggawa umat-Mu metu saka Mesir kaya nyabut wit anggur.+

      Terus, Njenengan ngusir bangsa-bangsa saka tanahé lan nandur wit anggur kuwi ing kono.+

       9 Njenengan nyedhiakké panggonan kanggo nandur wit kuwi

      Bèn akaré thukul lan tekan endi-endi ing tanah kuwi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim