-
Purwaning Dumadi 1:29Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 Terus Gusti Allah kandha, ”Aku mènèhi kowé kabèh tanduran sing ana bijiné ing bumi lan kabèh wit sing ngasilké buah sing ana bijiné. Kuwi bakal dadi pangananmu.+
-
-
Mazmur 144:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Oh Yéhuwah, manungsa kuwi apa kok nganti mbok gatèkké?
Manungsa kuwi apa kok nganti Njenengan perduli karo dhèwèké?+
-
-
Matius 6:30Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 Nèk tanduran ing ladhang sing sésuk diobong waé diwènèhi pakaian sing apik karo Gusti Allah, apa manèh kowé. Gusti Allah mesthi bakal mènèhi kowé pakaian, hé kowé sing imané cilik.
-
-
Ibrani 2:6-8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Ning, ana seksi sing tau nulis, ”Manungsa kuwi apa ta, kok nganti Njenengan gelem éling karo dhèwèké? Kok nganti Njenengan gelem nggatèkké manungsa?+ 7 Njenengan nggawé dhèwèké luwih rendah sithik timbang para malaékat. Njenengan nggawé dhèwèké diajèni lan dihormati, lan Njenengan nglantik dhèwèké kanggo nguwasani sing wis mbok gawé.* 8 Njenengan nggawé kabèh tundhuk marang dhèwèké.”+ Merga Gusti Allah nggawé kabèh tundhuk marang dhèwèké,+ Gusti Allah ora bakal meneng waé nèk ana sing ora tundhuk marang dhèwèké.+ Saiki, awaké dhéwé pancèn durung ndelok kabèh tundhuk marang dhèwèké.+
-