PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Lukas 12:22-28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Terus, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Mula kowé tak kandhani: Aja kuwatir manèh soal uripmu, yaiku apa sing arep mbok pangan, utawa soal badanmu, yaiku apa sing arep mbok enggo.+ 23 Urip kuwi luwih berharga timbang panganan, lan badan kuwi luwih berharga timbang klambi. 24 Coba pikirna soal manuk gagak. Manuk gagak ora nyebar benih utawa manèn lan ora nduwé lumbung utawa gudhang, ning Gusti Allah makani manuk-manuk kuwi.+ Kowé kan luwih berharga timbang manuk-manuk, ta?+ 25 Sapa ta ing antaramu sing merga kuwatir isa nggawé umuré rada dawa sithik?* 26 Dadi, nèk nindakké soal kaya ngono waé kowé ora isa, ngapa kok kowé ndadak kuwatir soal liyané?+ 27 Gatèkna piyé kembang lili thukul: Kembang-kembang kuwi ora nyambut gawé utawa njait. Ning kowé tak kandhani, senajan Salomo sugih banget, kembang-kembang kuwi tetep luwih apik timbang pakaiané Salomo.+ 28 Nèk tanduran ing ladhang sing sésuk diobong waé diwènèhi pakaian sing apik karo Gusti Allah, apa manèh kowé. Gusti Allah mesthi bakal mènèhi kowé pakaian, hé kowé sing imané cilik.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim