-
1 Para Raja 10:4-7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Wektu ratu saka Syéba ndelok kabèh kawicaksanané Salomo,+ omah sing dibangun Salomo,+ 5 panganan ing méjané,+ pengaturan lungguhané para pejabaté, cara pelayané ngladèni ing méja makan lan klambiné, juru minumané, lan korban bakaran sing ajeg diwènèhké ing omahé Yéhuwah, ratu kuwi nggumun banget.* 6 Mula dhèwèké kandha marang Raja, ”Kabar sing tak rungokké ing negaraku soal kesuksèsan lan kawicaksananmu jebulé kabèh bener. 7 Mauné aku ora percaya kabar kuwi nganti aku teka lan ndelok dhéwé. Jebulé, kabar sing tak rungokké kuwi ora ana separoné. Kawicaksanan lan kemakmurané njenengan kuwi ngluwihi kabar sing tak rungokké.
-