-
Pangandharing Torèt 28:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 ”Ning, nèk kowé ora ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan ora nindakké préntah lan peraturané sing tak omongké marang kowé dina iki, kowé mesthi bakal kena kabèh kutukan iki:+
-
-
Yosua 7:24, 25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Yosua lan kabèh wong Israèl nggawa Akhan+ anaké Zérah, pérak, klambi sing apik, emas batangan,+ anaké lanang lan wédok, sapiné, keledainé, ternaké, kémahé, lan kabèh duwèké menyang Lembah Akhor.+ 25 Yosua kandha, ”Ngapa kowé nyebabké bangsa iki kena bencana?+ Dina iki, Yéhuwah bakal nyebabké kowé kena bencana.” Terus, kabèh wong Israèl mbandhemi* Akhan+ lan keluargané nganggo watu. Bar kuwi, Akhan lan kabèh duwèké diobong.+ Ya ngono kuwi Akhan lan keluargané dibandhemi* watu nganti mati.
-
-
Èster 9:24, 25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Nganggo cara kuwi, wong Yahudi bakal éling nèk Haman+ anaké Hamédata wong Agag+ mungsuhé wong Yahudi wis nggawé rencana jahat kanggo nyingkirké wong Yahudi.+ Dhèwèké nguncalké Pur,+ yaiku Undhi, bèn wong Yahudi kewedèn lan isa disingkirké. 25 Ning pas Èster ngadhep Raja, Raja nggawé préntah tertulis sing isiné,+ ”Bèn Haman dhéwé sing kena rencana jahaté marang wong Yahudi.”+ Terus, Haman lan anak-anaké digantung ing cagak.+
-