-
2 Samuèl 23:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Gusti Allahé Israèl kandha,
Gunung Watuné Israèl+ kandha marang aku,
’Nèk wong-wong sing mréntah manungsa kuwi bener,+
Lan wong-wong sing mréntah wedi marang* Gusti Allah,+
4 Kuwi kaya sinar matahari pas ésuk,+
Kaya langit sing cerah,
Kaya cahaya sing padhang sakwisé udan
Sing nggawé suket thukul saka lemah.’+
-
-
Mazmur 119:105Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
105 Omongan-Mu kuwi kaya lampu sing madhangi aku wektu mlaku
Lan kaya cahaya sing madhangi dalanku.+
-
-
1 Korintus 13:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Saiki, awaké dhéwé mung ndelok bayangan sing ora jelas liwat cermin sing digawé saka logam, ning sukmbèn awaké dhéwé bakal ndelok jelas, kaya ndelok adhep-adhepan. Saiki pengetahuanku soal Gusti Allah ora lengkap, ning sukmbèn aku bakal ngerti tenan soal Gusti Allah, padha kaya Gusti Allah ngerti tenan soal aku.
-