-
1 Para Raja 21:20, 21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Ahab kandha marang Èlia, ”Dadi, kowé wis nemokké aku, mungsuhku!”+ Èlia njawab, ”Ya, aku wis nemokké kowé. Gusti Allah kandha, ’Merga kowé nduwé tékad* kanggo nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah,+ 21 Aku bakal nggawé kowé kena bencana. Aku bakal nyingkirké lan matèni saben wong lanang*+ ing keluargané Ahab, termasuk wong sing paling rendhah lan tanpa daya ing Israèl.+
-
-
1 Para Raja 22:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Raja Israèl kandha marang Yéhosyafat, ”Isih ana siji manèh. Awaké dhéwé isa njaluk tuntunané Yéhuwah+ liwat wong kuwi, ning aku sengit karo dhèwèké,+ merga dhèwèké ora tau ngramalké sing apik soal aku, mung sing èlèk terus.+ Jenengé Mikaya anaké Imla.” Ning Yéhosyafat kandha, ”Raja ora olèh ngomong kaya ngono.”
-
-
2 Babad 25:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Mula, Yéhuwah nesu banget karo Amazia lan ngutus nabi kanggo kandha, ”Ngapa kowé nyembah allah-allahé bangsa kuwi sing ora nylametké umaté saka tanganmu?”+ 16 Pas nabi kuwi isih ngomong, Raja kandha, ”Apa kowé kuwi diangkat dadi penaséhaté Raja?+ Menenga!+ Nèk ora, kowé bakal dipatèni.” Terus nabi kuwi meneng. Ning sakdurungé, nabi kuwi kandha, ”Saiki aku ngerti nèk Gusti Allah wis mutuské arep nyingkirké njenengan merga njenengan wis nindakké iki lan ora ngrungokké naséhatku.”+
-