-
Pangentasan 15:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Mungsuh-mungsuh-Mu kandha, ’Wong-wong kuwi bakal tak oyak* lan tak cekel!
Aku bakal mbagi-mbagi jarahan nganti aku puas!
Aku bakal nggunakké pedhangku! Tanganku bakal ngalahké wong-wong kuwi!’+
10 Wektu Njenengan nyebul angin, laut nutupi wong-wong kuwi.+
Wong-wong kuwi kaya watu sing kleleb ing laut sing ombaké gedhé banget.
-
-
Lukas 12:18-20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Terus, dhèwèké mikir manèh, ’Iki sing bakal tak tindakké:+ Aku arep ngrubuhké gudhang-gudhangku, terus mbangun sing luwih gedhé. Ing kono, aku bakal nyimpen kabèh gandum lan barang-barangku.’ 19 Dhèwèké ya mikir: ’Saiki, aku kan wis nduwé akèh harta sing isa tak enggo urip nganti pirang-pirang taun. Mula, aku arep santai-santai, mangan, ngombé, lan seneng-seneng.’ 20 Ning, Gusti Allah ngomong ngéné karo wong kuwi, ’Hé wong sing ora masuk akal, bengi iki kowé bakal mati. Terus, kabèh barang sing wis mbok klumpukké kuwi bakal dipèk wong liya.’+
-