-
1 Para Raja 1:5, 6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Wektu kuwi, Adoniya+ anaké Hagit dadi sombong. Dhèwèké kandha, ”Aku bakal dadi raja.” Dhèwèké ngongkon wong nyiapké kréta perang lan pasukan sing numpak jaran kanggo dhèwèké. Dhèwèké ya ngongkon wong 50 mlayu ing ngarepé.+ 6 Ning bapaké ora tau nyenèni* dhèwèké. Bapaké ora tau kandha, ”Mbok kowé aja ngono.” Adoniya kuwi nggantheng banget, lan ibuné nglairké dhèwèké sakwisé Absalom.
-