-
Mazmur 41:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
41 Wong sing mbantu wong cilik kuwi bahagia.+
Yéhuwah bakal nylametké dhèwèké pas ana kesusahan.
-
-
Yésaya 58:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Wong sing ngelih* kudu mbok wènèhi pangan.+
Gelandangan lan wong sing mlarat kudu mbok kongkon nginep ing omahmu.
Wong sing ora nduwé klambi* kudu mbok wènèhi klambi.+
Sedulurmu kudu mbok tulungi.
8 Kowé bakal dadi kaya cahaya matahari pas terbit,+
Lan kowé bakal cepet pulih manèh kaya mbiyèn.
Kowé bakal nindakké apa sing bener,
Lan kemuliaané Yéhuwah bakal njaga kowé.+
-