-
Yèhèzkièl 18:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Wong kuwi ora nindhes wong,+ ning mbalèkké barang jaminan duwèké wong sing utang karo dhèwèké.+ Wong kuwi ora ngrampok,+ ning mènèhké panganané marang wong sing ngelih*+ lan mènèhké klambi marang wong sing wuda.+ 8 Pas ngutangi wong, wong kuwi ora njaluk bunga utawa nggolèk bathi.+ Dhèwèké ya ora nindakké sing jahat.+ Wektu ngadili, keputusané mesthi adil kanggo wong sing lagi padu.+
-
-
Yakobus 2:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Nèk ana sedulur lanang utawa sedulur wédok sing ora nduwé klambi lan ora nduwé cukup panganan kanggo saben dinané, 16 terus kowé kandha karo wong-wong kuwi, ”Muga-muga kowé apik-apik waé. Muga-muga kowé nduwé klambi lan panganan kanggo saben dinané,” ning kowé ora mènèhi apa sing dibutuhké wong-wong kuwi, apa gunané?+
-