-
Néhémia 5:8, 9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Aku kandha, ”Aku kabèh wis ngupaya sak isa-isané kanggo nebus sedulur-seduluré awaké dhéwé yaiku wong Yahudi sing mbiyèn diedol marang bangsa-bangsa liya. Ning saiki, kowé kok malah ngedol sedulur-sedulurmu dhéwé+ bèn tak tuku manèh?” Wong-wong kuwi padha meneng waé, ora njawab apa-apa. 9 Terus aku kandha manèh, ”Tumindakmu kuwi ora bener. Kowé kuduné wedi marang Gusti Allahé awaké dhéwé+ bèn mungsuh-mungsuhé awaké dhéwé, yaiku bangsa-bangsa liya, ora ngécé awaké dhéwé.
-