PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 25:35
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 35 ”’Nèk sedulur sing manggon ing cedhakmu dadi mlarat lan ora isa nyukupi kebutuhané dhéwé, kowé kudu mbantu+ dhèwèké kaya nèk kowé mbantu penduduk asing lan penduduk sementara+ supaya dhèwèké tetep urip bareng karo kowé.

  • Pangandharing Torèt 15:7, 8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 ”Nèk ana sedulurmu sing dadi mlarat ing salah siji kutha ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, kowé aja pelit lan kudu mesakké marang wong kuwi.+ 8 Kowé kudu seneng mènèhi,+ lan kowé kudu nyilihi dhèwèké apa waé sing dibutuhké.

  • Yérémia 34:8, 9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Yéhuwah kandha marang Yérémia sakwisé Raja Zédékia nggawé perjanjian karo wong Yérusalèm kanggo mbébaské para budhak.+ 9 Saben wong kudu mbébaské budhak-budhak Ibraniné, lanang lan wédok, bèn ora ana wong Yahudi sing nduwé budhak padha-padha wong Yahudiné.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim