-
Matius 21:23-25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Sakwisé kuwi, Yésus mlebu bait. Wektu lagi mulang, para imam kepala lan pemimpin* bangsa kuwi marani Yésus lan takon, ”Nganggo kuwasané sapa kowé nindakké kabèh iki? Sapa sing mènèhi kowé kuwasa iki?”+ 24 Yésus njawab, ”Aku ya arep takon karo kowé. Nèk kowé njawab pitakonanku, aku bakal ngandhani kowé saka ngendi aku éntuk kuwasa kanggo nindakké kabèh iki. 25 Sapa sing ngutus Yohanes kanggo mbaptis? Gusti Allah ing swarga apa manungsa?” Wong-wong kuwi mulai bisik-bisik, ”Nèk awaké dhéwé njawab, ’Gusti Allah,’ dhèwèké bakal ngomong, ’Lha kok kowé ora percaya karo Yohanes?’+
-