-
Wilangan 25:6-8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Ning ujug-ujug, ana wong lanang Israèl nggawa wong wédok Midian+ menyang perkémahan, ing ngarepé Musa lan ing ngarepé kabèh wong Israèl sing lagi nangis ing lawangé kémah pertemuan. 7 Pas Pinéhas+ anaké Èléazar anaké Imam Harun ndelok kuwi, dhèwèké langsung lunga saka tengah-tengahé wong Israèl terus njupuk tombak. 8 Bar kuwi, dhèwèké mlebu ing kémahé wong lanang Israèl kuwi, terus nusuk wong lanang lan wong wédok kuwi. Wong wédok kuwi ditusuk nganti nembus wetengé.* Mula wabah penyakit sing dialami wong Israèl mandheg.+
-
-
1 Samuèl 15:22, 23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Terus Samuèl kandha, ”Endi sing luwih nyenengké Yéhuwah: Mènèhké persembahan bakaran lan korban+ apa manut karo omongané Yéhuwah? Manut kuwi luwih apik timbang mènèhké korban.+ Nggatèkké tenanan kuwi luwih apik timbang mènèhké gajihé+ domba lanang. 23 Mbrontak+ kuwi padha jahaté karo ngramal.+ Lancang kuwi padha karo nggunakké ilmu gaib lan nyembah brahala.* Merga kowé wis nolak omongané Yéhuwah,+ Dhèwèké ya nolak kowé dadi raja.”+
-