PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 3:28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 Kabèh wong Israèl krungu soal keputusané Raja, lan wong-wong padha nggumun* karo Raja.+ Wong-wong kuwi weruh nèk Gusti Allah mènèhi Raja Salomo kawicaksanan kanggo ngadili.+

  • 1 Para Raja 4:29-31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 29 Gusti Allah terus mènèhi Salomo kawicaksanan,* pengetahuan, lan pemahaman sing akèh banget kaya pasir ing pantai.+ 30 Kawicaksanané Salomo ngungkuli kawicaksanané kabèh wong ing negara-negara Wétan lan wong Mesir.+ 31 Dhèwèké luwih wicaksana timbang wong liyané, termasuk Étan+ keturunané Ézrah, lan anak-anaké Mahol, yaiku Héman,+ Kalkol,+ lan Darda. Jenengé terkenal ing kabèh bangsa sing ana ing sekitaré.+

  • 2 Babad 1:10-12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Mula saiki, wènèhana aku kawicaksanan lan pengetahuan+ kanggo mimpin umat iki, merga sapa ta sing isa ngadili umat-Mu sing akèh banget iki?”+

      11 Terus, Gusti Allah kandha marang Salomo, ”Merga kuwi sing mbok péngini lan kowé ora njaluk harta, kekayaan, kehormatan, utawa bèn wong-wong sing sengit marang kowé padha mati, lan kowé ya ora njaluk umur dawa, ning kowé njaluk kawicaksanan lan pengetahuan kanggo ngadili umat-Ku, sing wis Tak percayakké marang kowé kanggo mbok préntah,+ 12 mula, Aku bakal mènèhi kowé kawicaksanan lan pengetahuan. Aku ya bakal mènèhi kowé harta, kekayaan, lan kehormatan sing ora diduwèni raja-raja sakdurungé kowé utawa sakwisé kowé.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim