-
1 Samuèl 24:12, 13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Muga-muga Yéhuwah sing dadi hakim ing antarané awaké dhéwé.+ Muga-muga Yéhuwah ngukum njenengan merga apa sing wis njenengan tindakké marang aku,+ ning aku ora bakal nglawan njenengan.+ 13 Ana peribahasa jaman mbiyèn sing kandha, ’Asalé kejahatan kuwi saka wong jahat,’ ning aku ora bakal nglawan njenengan.
-
-
1 Samuèl 26:8-10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Terus, Abisyai kandha marang Daud, ”Dina iki Gusti Allah bakal nggawé njenengan menang nglawan mungsuh.+ Dadi, bèn waé dhèwèké tak tancepké ing lemah nganggo tombaké sepisan waé, ora perlu nganti ping loro.” 9 Ning Daud kandha, ”Saul aja mbok apak-apakké. Sapa waé sing nyilakani wong sing dilantik Yéhuwah+ mesthi bakal dianggep salah.”+ 10 Daud ngomong manèh, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, Yéhuwah dhéwé sing bakal matèni dhèwèké,+ utawa akhiré dhèwèké mati+ kaya wong liyané, utawa dhèwèké maju perang terus mati.+
-