PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Mazmur 62:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Oh Yéhuwah, katresnan* kuwi asalé saka Njenengan,+

      Lan Njenengan mbales saben wong sesuai karo tumindaké.+

  • Pengkhotbah 11:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Cah enom, seneng-senenga mumpung kowé isih enom, lan gawénen atimu seneng wektu kowé isih enom. Turutana kepénginané atimu lan lungaa menyang endi waé sing dipéngini mripatmu. Ning, kowé kudu ngerti nèk Gusti Allah sing bener bakal njaluk kowé tanggung jawab* kanggo kabèh kuwi.+

  • Matius 12:36, 37
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 36 Saiki kowé tak kandhani, ing Dina Pengadilan, manungsa kudu tanggung jawab+ kanggo saben omongan sing ora ana gunané sing tau diucapké. 37 Nèk omonganmu apik, Gusti Allah bakal nganggep kowé wong sing bener. Tapi nèk omonganmu èlèk, Gusti Allah bakal ngadili kowé.”

  • Kisah 17:31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 Sebab, Dhèwèké wis nentokké dina kanggo ngadili+ penduduk bumi liwat salah siji wong sing wis dipilih. Dhèwèké wis nguripké manèh wong kuwi,+ lan kuwi ditindakké kanggo mbuktèkké marang kabèh wong nèk dina kuwi bener-bener bakal kelakon.”

  • 2 Korintus 5:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Awaké dhéwé kabèh bakal diadili karo* Kristus. Saben wong bakal diadili sesuai karo tumindaké sing dilakoni wektu isih nganggo badan manungsa, embuh kuwi apik utawa èlèk.+

  • 1 Timotius 5:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Ana wong-wong sing dosané dingertèni akèh wong, mula wong-wong kuwi langsung dihukum. Ning, ana sing dosané lagi dingertèni sukmbèn.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim