-
Pengkhotbah 5:18, 19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Aku ndelok nèk iki apik lan cocog kanggo dilakoni: Wong kuduné mangan, ngombé, lan ngrasakké kabèh hasil kerja kerasé+ sing wis diupayakké ing ngisoré matahari saksuwéné uripé sing singkat, sing diwènèhké Gusti Allah sing bener marang dhèwèké. Kuwi upahé.*+ 19 Sakliyané kuwi, wektu Gusti Allah sing bener mènèhi wong harta+ lan kesempatan kanggo nggunakké harta kuwi, dhèwèké kuduné nampa upahé* lan ngrasa seneng merga hasil kerja kerasé. Iki hadiah saka Gusti Allah.+
-