-
1 Para Raja 4:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Salomo nduwé 12 pejabat dhaérah ing kabèh wilayah Israèl sing nyedhiakké panganan kanggo raja lan kabèh sing ana ing istana. Saben wong kudu nyedhiakké panganan kanggo sesasi saben taun.+
-
-
1 Para Raja 4:22, 23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Saben dina, bahan panganan sing dibutuhké Salomo yaiku 30 kor* tepung alus lan 60 kor tepung biasa, 23 terus 10 sapi sing diingu ing kandhang, 20 sapi sing digawa saka padhang rumput, 100 domba, rusa lanang, kidang, rusa jenis liyané, lan manuk sing diingu nganti lemu.
-
-
1 Para Raja 10:4, 5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Wektu ratu saka Syéba ndelok kabèh kawicaksanané Salomo,+ omah sing dibangun Salomo,+ 5 panganan ing méjané,+ pengaturan lungguhané para pejabaté, cara pelayané ngladèni ing méja makan lan klambiné, juru minumané, lan korban bakaran sing ajeg diwènèhké ing omahé Yéhuwah, ratu kuwi nggumun banget.*
-