-
Pangandharing Torèt 30:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 ”Nèk kabèh omongan iki mbok alami, yaiku berkah lan kutuk sing tak omongké marang kowé,+ lan kowé éling+ karo kabèh kuwi wektu Yéhuwah Gusti Allahmu nggawé kowé mencar-mencar ing antarané bangsa-bangsa,+ 2 terus kowé lan anak-anakmu bali marang Yéhuwah Gusti Allahmu+ lan manut karo omongané Gusti Allah sing wis tak omongké marang kowé dina iki saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu,*+ 3 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawa kowé mulih saka panggonan wektu kowé dadi tawanan.+ Gusti Allah ya bakal mesakké+ karo kowé lan ngumpulké kowé saka panggonan-panggonan kowé dipencarké karo Yéhuwah Gusti Allahmu.+
-
-
Yésaya 66:20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Wong-wong kuwi bakal nggawa kabèh sedulurmu saka tanahé bangsa-bangsa+ bèn isa dadi persembahan kanggo Yéhuwah ing Yérusalèm, gunung-Ku sing suci. Wong-wong kuwi bakal numpak jaran, kréta, kréta sing ana tutupé, keledai,* lan unta, kaya wektu wong Israèl nggawa persembahan ing wadhah sing resik ing omahé Yéhuwah,” kandhané Yéhuwah.
-
-
Yèhèzkièl 36:24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 ’Kowé bakal Tak gawa bali saka bangsa-bangsa lan Tak klumpukké saka kabèh negara, terus Tak gawa menyang negaramu.+
-
-
Zakharia 8:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 ”Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ’Aku nylametké umat-Ku saka tanah wétan lan tanah kulon.+
-