PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 11:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Pas kuwi, Yéhuwah bakal nduduhké kuwasané pisan manèh kanggo ngumpulké umaté sing slamet saka Asiria,+ Mesir,+ Patros,+ Kus,+ Élam,+ Syinar,* Hamat, lan saka pulau-pulau sing ana ing laut.+

  • Yérémia 23:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 ”Aku bakal ngumpulké domba-domba-Ku sing isih urip sing wis Tak pencarké ing negara-negara liya,+ terus Tak gawa bali menyang padhang rumputé.+ Domba-domba kuwi bakal nduwé anak lan jumlahé saya akèh.+

  • Yérémia 31:7, 8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Iki sing diomongké Yéhuwah:

      ”Padha nyanyia karo seneng kanggo Yakub.

      Kowé kudu sorak-sorak merga kowé mimpin bangsa-bangsa.+

      Umumna berita kuwi. Ucapna syukur lan ngomonga,

      ’Oh Yéhuwah, slametna umat-Mu, yaiku wong Israèl sing isih urip.’+

       8 Aku nggawa wong-wong kuwi bali saka tanah lor.+

      Aku bakal nglumpukké wong-wong kuwi saka bagéan-bagéan sing paling adoh ing bumi.+

      Ing antarané wong-wong kuwi, ana sing wuta lan sing lumpuh.+

      Ana manèh wong wédok sing meteng lan sing arep nglairké, kabèh bareng-bareng.

      Wong-wong kuwi bakal bali mréné dadi jemaat sing jumlahé akèh.+

  • Mikha 4:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi,

      Aku bakal nglumpukké bangsa sing pincang kuwi

      Lan bangsa sing kesebar kuwi,+

      Bareng karo wong-wong sing wis Tak hukum.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim