PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Mazmur 147:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  2 Yéhuwah lagi mbangun Yérusalèm.+

      Dhèwèké ngumpulké manèh wong Israèl sing kesebar ing endi-endi.+

  • Yésaya 56:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah sing ngumpulké wong Israèl+ sing mencar-mencar ngomong ngéné,

      ”Sakliyané wong-wong sing wis Tak kumpulké, Aku bakal ngumpulké sing liyané manèh.”+

  • Yèhèzkièl 34:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Aku bakal ngopèni domba-domba-Ku kaya gembala sing nemokké domba-dombané sing kesebar lan mènèhi pangan domba-domba kuwi.+ Wektu ana mendhung sing peteng banget,+ domba-domba-Ku padha kesebar ing endi-endi, ning bakal Tak slametké saka kono.

  • Yèhèzkièl 34:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 ”Sing ilang bakal Tak golèki,+ sing kesasar bakal Tak gawa bali, sing luka bakal Tak perban, lan sing ringkih bakal Tak kuwatké. Ning, sing lemu lan sing kuwat bakal Tak patèni. Domba-domba kuwi bakal Tak adili lan Tak hukum sesuai karo tumindaké.”

  • Yèhèzkièl 37:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 ”Kandhanana wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal nggawa wong Israèl saka antarané bangsa-bangsa sing ditekani wong-wong kuwi. Aku bakal nglumpukké wong-wong kuwi saka ngendi-endi lan nggawa wong-wong kuwi bali menyang tanahé.+

  • Zéfanya 3:19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Wektu kuwi, Aku bakal nglawan wong-wong sing nindhes kowé,+

      Nylametké sing pincang,+

      Lan nglumpukké kabèh sing kesebar.+

      Aku bakal nggawé wong-wong kuwi dipuji lan dadi terkenal*

      Ing kabèh tanah panggonané wong-wong kuwi digawé isin.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim