PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 30:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawa kowé mulih saka panggonan wektu kowé dadi tawanan.+ Gusti Allah ya bakal mesakké+ karo kowé lan ngumpulké kowé saka panggonan-panggonan kowé dipencarké karo Yéhuwah Gusti Allahmu.+

  • Yésaya 11:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Dhèwèké bakal mènèhi tandha* kanggo bangsa-bangsa lan ngumpulké wong Israèl sing mencar-mencar,+ lan Dhèwèké bakal ngumpulké wong Yéhuda sing mencar-mencar ing bumi.+

  • Yérémia 16:14, 15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 ”Yéhuwah kandha, ’Bakal tekan wektuné wong-wong kuwi ora bakal kandha manèh, ”Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, sing nggawa wong Israèl metu saka Mesir.”+ 15 Ning wong-wong kuwi bakal kandha, ”Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, sing nggawa wong Israèl metu saka tanah lor lan saka tanah panggonané wong Israèl disebar.” Aku bakal nggawa wong-wong kuwi bali menyang tanahé, sing wis Tak wènèhké marang nènèk moyangé.’+

  • Amos 9:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Umat-Ku Israèl sing ditawan bakal Tak gawa mulih.+

      Wong-wong kuwi bakal mbangun manèh kutha-kutha sing ditelantarké lan manggon ing kono.+

      Wong-wong kuwi bakal nggawé kebon anggur lan ngombé angguré.+

      Wong-wong kuwi ya bakal nggawé kebon lan mangan buahé.’+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim