PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 30:1-3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 ”Nèk kabèh omongan iki mbok alami, yaiku berkah lan kutuk sing tak omongké marang kowé,+ lan kowé éling+ karo kabèh kuwi wektu Yéhuwah Gusti Allahmu nggawé kowé mencar-mencar ing antarané bangsa-bangsa,+ 2 terus kowé lan anak-anakmu bali marang Yéhuwah Gusti Allahmu+ lan manut karo omongané Gusti Allah sing wis tak omongké marang kowé dina iki saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu,*+ 3 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawa kowé mulih saka panggonan wektu kowé dadi tawanan.+ Gusti Allah ya bakal mesakké+ karo kowé lan ngumpulké kowé saka panggonan-panggonan kowé dipencarké karo Yéhuwah Gusti Allahmu.+

  • Yérémia 3:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 ”Wektu kuwi, kowé, yaiku wong Yéhuda lan Israèl, bakal bersatu.+ Kowé bakal bareng-bareng metu saka tanah lor menyang tanah sing wis Tak wènèhké marang nènèk moyangmu dadi warisané.+

  • Yérémia 24:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Aku bakal nggatèkké wong-wong kuwi bèn wong-wong kuwi isa Tak berkahi. Aku ya bakal nggawé wong-wong kuwi bali manèh menyang tanah iki.+ Aku bakal mbangun wong-wong kuwi lan ora bakal Tak rubuhké. Aku bakal nandur wong-wong kuwi lan ora bakal Tak cabut.+

  • Yérémia 30:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Yéhuwah kandha, ”Bakal tekan wektuné Aku nglumpukké umat-Ku sing ditawan, yaiku Israèl lan Yéhuda,”+ kandhané Yéhuwah, ”lan Aku bakal nggawa wong-wong kuwi bali menyang tanah sing wis Tak wènèhké marang nènèk moyangé, lan tanah kuwi bakal dadi duwèké wong-wong kuwi manèh.”’”+

  • Yérémia 32:37
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 37 ’Aku bakal nglumpukké wong-wong kuwi saka tanah panggonané wong-wong kuwi Tak sebar pas Aku nesu banget.+ Aku bakal nggawa wong-wong kuwi bali menyang panggonan iki lan nggawé wong-wong kuwi manggon aman ing kono.+

  • Amos 9:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Umat-Ku Israèl sing ditawan bakal Tak gawa mulih.+

      Wong-wong kuwi bakal mbangun manèh kutha-kutha sing ditelantarké lan manggon ing kono.+

      Wong-wong kuwi bakal nggawé kebon anggur lan ngombé angguré.+

      Wong-wong kuwi ya bakal nggawé kebon lan mangan buahé.’+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim