-
Purwaning Dumadi 17:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Wektu Abram umur 99 taun, Yéhuwah nemoni Abram lan kandha, ”Aku iki Gusti Allah sing Mahakuwasa. Manuta karo kabèh sing Tak karepké, lan terus buktèkna nèk tumindakmu bener.
-
-
Purwaning Dumadi 35:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Gusti Allah kandha karo Yakub, ”Jenengmu Yakub,+ ning kowé ora bakal disebut Yakub manèh. Mulai saiki jenengmu dadi Israèl.” Gusti Allah mulai nyebut dhèwèké Israèl.+ 11 Gusti Allah kandha manèh, ”Aku Gusti Allah sing Mahakuwasa.+ Aku bakal nggawé keturunanmu dadi akèh. Kowé bakal dadi bapaké akèh bangsa,+ lan raja-raja bakal lair saka keturunanmu.+
-