-
Pangentasan 20:4, 5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 ”Aja nggawé patung utawa liyané sing bentuké mirip karo apa waé sing ana ing langit, ing bumi, utawa ing njero banyu.+ 5 Aja sujud lan aja nyembah kabèh kuwi,+ merga Aku, Yéhuwah Gusti Allahmu, péngin kowé mung nyembah Aku.+ Aku bakal ngukum wong-wong sing sengit karo Aku. Anak-anaké, putuné, lan buyuté* bakal mèlu nanggung kesalahané.
-
-
Habakuk 2:18, 19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Wong-wong percaya karo patung sing digawé,
Sing asalé saka kayu, watu, lan logam.
Ning, naséhat saka patung-patung kuwi palsu.
Brahala-brahala kuwi ora isa ngomong.
Mula, apa gunané kuwi kanggo wong-wong sing nggawé?+
19 Wong sing kandha marang kayu, ”Tangia,”
Lan sing kandha marang watu sing bisu, ”Tangia, ajarana aku,” bakal cilaka.
-