PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Ézra 1:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 1 Ing taun pertama pamréntahané Korès+ raja Pèrsia, Yéhuwah ngarahké Korès raja Pèrsia bèn nggawé pengumuman ing kabèh wilayah ing kerajaané. Kuwi kelakon bèn omongané Yéhuwah sing disampèkké Yérémia+ dadi kenyataan. Pengumuman kuwi ya ditulis.+ Isiné:

      2 ”Iki sing diomongké Korès raja Pèrsia, ’Yéhuwah, Gusti Allah sing nguwasani swarga, wis mènèhi kabèh kerajaan ing bumi marang aku,+ lan Dhèwèké nugasi aku mbangun omah kanggo Dhèwèké ing Yérusalèm,+ yaiku ing Yéhuda.

  • Yésaya 41:25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Aku wis ngundang wong sing asalé saka wétan.*+

      Dhèwèké bakal teka saka lor.+ Dhèwèké bakal ngluhurké jeneng-Ku.

      Dhèwèké bakal ngalahké para pemimpin,+

      Kaya pengrajin tanah liat sing ngidak-idak tanah liat.

  • Yésaya 45:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 45 Aku, Yéhuwah, ngomong karo Korès+ sing Tak pilih,

      Wong sing Tak dhukung,*+

      Bèn ngalahké bangsa-bangsa,+

      Njupuk senjatané* raja-raja,

      Lan mbukak lawang ing ngarepé,

      Supaya gerbang-gerbang ora ditutup,

  • Yésaya 46:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Aku ngundang* wong saka panggonan sing adoh kanggo nindakké tujuan-Ku,+

      Kaya ngundang elang saka wétan.*+

      Sing wis Tak omongké bakal Tak tindakké.

      Sing wis Tak rencanakké ya bakal Tak tindakké.+

  • Danièl 10:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Ing taun ketelu pamréntahané Korès+ raja Pèrsia, Danièl, sing dijenengi Bèltesyazar,+ éntuk pesen saka Gusti Allah. Pesen kuwi isa dipercaya lan isiné soal perang gedhé. Danièl paham soal pesen kuwi. Dhèwèké diwènèhi kesanggupan bèn isa ngerti apa sing didelok.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim