PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 36:23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 ”Iki sing diomongké Korès raja Pèrsia, ’Yéhuwah Gusti Allah sing nguwasani swarga wis mènèhi aku kabèh kerajaan ing bumi,+ lan Dhèwèké nugasi aku mbangun omah kanggo Dhèwèké ing Yérusalèm, yaiku ing Yéhuda.+ Sapa waé ing antaramu sing dadi umaté, muga-muga Yéhuwah Allahé ndhukung wong kuwi. Wong kuwi bèn bali menyang Yérusalèm.’”+

  • Ézra 1:2, 3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 ”Iki sing diomongké Korès raja Pèrsia, ’Yéhuwah, Gusti Allah sing nguwasani swarga, wis mènèhi kabèh kerajaan ing bumi marang aku,+ lan Dhèwèké nugasi aku mbangun omah kanggo Dhèwèké ing Yérusalèm,+ yaiku ing Yéhuda. 3 Sapa waé ing antaramu sing dadi umaté, muga-muga Gusti Allahé ndhukung wong kuwi. Balia menyang Yérusalèm ing Yéhuda lan bangunen manèh omahé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl. Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing bener, sing omahé mbiyèn ana ing Yérusalèm.*

  • Yésaya 44:28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 Aku sing ngomong soal Korès,+ ’Dhèwèké gembala sing Tak pilih.

      Dhèwèké bakal nindakké kabèh sing Tak karepké.’+

      Aku sing ngomong soal Yérusalèm, ’Kutha kuwi bakal dibangun manèh.’

      Aku sing ngomong soal baité, ’Pondhasimu bakal dibangun.’”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim