-
Èster 8:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Ing kabèh provinsi lan kutha, yaiku ing endi waé keputusan lan hukumé Raja disampèkké, wong Yahudi ing kono padha bahagia lan seneng banget. Wong-wong kuwi ya nganakké pésta lan perayaan-perayaan. Akèh wong ing tanah kuwi dadi wong Yahudi,+ merga wedi karo wong Yahudi.
-
-
Yésaya 14:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Yéhuwah bakal mesakké karo Yakub,+ lan Dhèwèké bakal milih Israèl manèh.+ Dhèwèké bakal nggawé umaté manggon ing tanahé dhéwé,+ lan wong asing bakal nggabung lan manggon bareng karo keturunané Yakub.+ 2 Wong saka bangsa liya bakal nggawa lan ngeterké wong Israèl bali ing panggonané dhéwé, yaiku ing tanahé Yéhuwah. Ing kono, wong Israèl bakal ndadèkké wong-wong kuwi dadi budhaké lanang lan budhaké wédok.+ Wong Israèl sing mauné ditawan karo wong-wong kuwi bakal nawan wong-wong kuwi. Wong Israèl ya bakal nguwasani wong sing mbiyèn dadi mandoré.*
-
-
Yésaya 60:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Anak-anaké lanang wong sing nindhes kowé bakal mara lan sujud ing ngarepmu.
Kabèh sing ora ngajèni kowé kudu sujud ing sikilmu
Lan kudu nyebut kowé kuthané Yéhuwah,
Zion duwèké Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci.+
-