-
Yésaya 56:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Wong asing sing ngibadah lan ngabdi marang Yéhuwah,
Sing sayang karo Yéhuwah lan jenengé,+
Sing gelem dadi abdi-Ku,
Sing ngrayakké Sabat lan ora nglanggar hukum soal dina Sabat,
Sing manut karo perjanjian-Ku,
7 Bakal Tak gawa ing gunung-Ku sing suci+
Lan Tak gawé seneng ing omah-Ku sing dienggo ndonga.
Kabèh persembahan bakaran lan korban sing diwènèhké wong kuwi bakal Tak tampa ing mézbah-Ku,
Merga omah-Ku bakal disebut omah sing dienggo ndonga wong-wong saka kabèh bangsa.”+
-
-
Zakharia 8:22, 23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Akèh wong lan bangsa sing kuwat bakal teka ing Yérusalèm+ arep nglayani Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan, lan arep njaluk marang Aku, Yéhuwah, bèn dimesakké.’
23 ”Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ’Wektu kuwi, wong lanang sepuluh saka kabèh bangsa+ lan basa mesthi bakal nyekel kenceng jubahé wong Yahudi siji.* Wong-wong kuwi bakal kandha, ”Aku bakal mèlu karo kowé,+ merga aku krungu nèk Gusti Allah ndhukung kowé.”’”+
-