-
1 Para Raja 18:26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 Mula, wong-wong kuwi njupuk sapi enom sing diwènèhké, terus nyiapké kuwi lan terus-terusan nyebut jenengé Baal saka ésuk nganti awan. Wong-wong kuwi kandha, ”Oh Baal, jawaben aku!” Ning ora ana swara, ora ana jawaban.+ Wong-wong kuwi terus jingkrak-jingkrak* ngubengi mézbah sing digawé wong-wong kuwi.
-
-
Yésaya 37:37, 38Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
37 Akhiré, Sanhèrib raja Asiria bali ing Niniwé+ lan manggon ing kana.+ 38 Pas Sanhèrib sujud ing kuilé Nisrokh déwané, anak-anaké Sanhèrib, yaiku Adramèlèkh lan Syarèzèr, matèni Sanhèrib nganggo pedhang,+ terus mlayu ing tanah Ararat.+ Bar kuwi, Ésar-hadon+ anaké Sanhèrib nggantèni bapaké dadi raja.
-
-
Yunus 1:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Para pelaut dadi wedi banget lan mulai padha mbengok njaluk tulung marang allahé dhéwé-dhéwé. Wong-wong kuwi padha mbuwang barang-barang ing kapal menyang laut bèn kapalé isa luwih ènthèng.+ Ning, Yunus wis mudhun ing bagéan njero kapal. Dhèwèké turu angler banget ing kono.
-