PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 32:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Yéhuwah kandha manèh karo Musa, ”Aku wis ngerti nèk bangsa iki pancèn ndableg.+

  • 2 Para Raja 17:13, 14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Yéhuwah bola-bali ngélikké Israèl lan Yéhuda liwat para nabiné lan wong sing nyampèkké wahyu,+ kandhané, ”Kowé kudu mertobat saka kelakuanmu sing jahat.+ Terus tindakna préntah-Ku, peraturan-Ku, yaiku kabèh hukum sing Tak wènèhké marang nènèk moyangmu lan sing Tak sampèkké marang kowé liwat nabi-Ku.” 14 Ning, wong-wong kuwi ora ngrungokké lan tetep ndableg kaya nènèk moyangé sing ora nduduhké iman marang Yéhuwah Gusti Allahé.+

  • 2 Babad 36:15, 16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para utusané. Wong-wong kuwi bola-bali diélikké, merga Gusti Allah mesakké umaté lan péngin nglindhungi baité. 16 Ning, wong-wong kuwi terus-terusan ngécé para utusané Gusti Allah sing bener,+ nyepèlèkké omongané,+ lan ngrèmèhké nabi-nabiné,+ nganti Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi jahat banget nganti ora isa dikandhani manèh.

  • Mazmur 78:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  8 Wong-wong kuwi ora bakal dadi kaya nènèk moyangé

      Sing ndableg lan seneng mbrontak,+

      Sing atiné gampang nyimpang,*+

      Lan sing ora setya marang Gusti Allah.

  • Yèhèzkièl 3:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Ning wong Israèl ora bakal gelem ngrungokké kowé, merga wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké Aku.+ Kabèh wong Israèl kuwi ndableg lan ora gelem manut.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim