5 Aja wedi, merga Aku ndhukung kowé.+
Keturunanmu bakal Tak kumpulké saka wétan,
Lan kowé bakal Tak kumpulké saka kulon.+
6 Aku bakal ngomong karo tanah ing lor, ’Kowé kudu nyerahké umat-Ku.’+
Aku bakal ngomong karo tanah ing kidul, ’Aja ngalangi umat-Ku mréné.
Gawanen anak-anak-Ku lanang saka panggonan sing adoh, lan gawanen anak-anak-Ku wédok saka ujung-ujungé bumi.+