PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 56:6, 7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Wong asing sing ngibadah lan ngabdi marang Yéhuwah,

      Sing sayang karo Yéhuwah lan jenengé,+

      Sing gelem dadi abdi-Ku,

      Sing ngrayakké Sabat lan ora nglanggar hukum soal dina Sabat,

      Sing manut karo perjanjian-Ku,

       7 Bakal Tak gawa ing gunung-Ku sing suci+

      Lan Tak gawé seneng ing omah-Ku sing dienggo ndonga.

      Kabèh persembahan bakaran lan korban sing diwènèhké wong kuwi bakal Tak tampa ing mézbah-Ku,

      Merga omah-Ku bakal disebut omah sing dienggo ndonga wong-wong saka kabèh bangsa.”+

  • Yésaya 66:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Wong-wong kuwi bakal nggawa kabèh sedulurmu saka tanahé bangsa-bangsa+ bèn isa dadi persembahan kanggo Yéhuwah ing Yérusalèm, gunung-Ku sing suci. Wong-wong kuwi bakal numpak jaran, kréta, kréta sing ana tutupé, keledai,* lan unta, kaya wektu wong Israèl nggawa persembahan ing wadhah sing resik ing omahé Yéhuwah,” kandhané Yéhuwah.

  • Yèhèzkièl 20:40
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 40 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Ing gunung suci-Ku, ing gunung sing dhuwur ing Israèl,+ kabèh wong Israèl, yaiku kowé kabèh, bakal nglayani Aku.+ Ing kana, Aku bakal seneng lan njaluk kowé mènèhké sumbangan lan persembahanmu sing paling apik, yaiku kabèh duwèkmu sing suci.+

  • Yoèl 3:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu. Aku manggon ing Zion, gunung-Ku sing suci.+

      Yérusalèm bakal dadi panggonan sing suci,+

      Lan wong asing ora bakal ana ing kono manèh.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim