7 ”Nèk ana sedulurmu sing dadi mlarat ing salah siji kutha ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, kowé aja pelit lan kudu mesakké marang wong kuwi.+ 8 Kowé kudu seneng mènèhi,+ lan kowé kudu nyilihi dhèwèké apa waé sing dibutuhké.