-
Para Hakim 6:36, 37Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
36 Terus, Gidéon kandha marang Gusti Allah sing bener, ”Nèk Njenengan pancèn arep nylametké Israèl liwat aku kaya janjiné Njenengan,+ 37 wènèhana aku tandha. Aku bakal ndèlèhké wulu domba ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian.* Nèk wulu iki teles kena embun, ning tanah ing sekitaré kuwi garing, aku bakal ngerti nèk Njenengan pancèn arep nylametké Israèl liwat aku kaya janjiné Njenengan.”
-
-
Yésaya 37:30Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 ”’Iki sing bakal dadi tandha kanggo kowé Hizkia: Taun iki, kowé lan rakyatmu bakal mangan hasil tanduran sing thukul tanpa ditandur.* Taun keloro, kowé bakal mangan biji-bijian saka tanduran mau. Ning, pas taun ketelu, kowé bakal nyebar benih lan manèn. Kowé ya bakal nandur wit anggur lan mangan buahé.+
-