PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Para Raja 17:13, 14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Yéhuwah bola-bali ngélikké Israèl lan Yéhuda liwat para nabiné lan wong sing nyampèkké wahyu,+ kandhané, ”Kowé kudu mertobat saka kelakuanmu sing jahat.+ Terus tindakna préntah-Ku, peraturan-Ku, yaiku kabèh hukum sing Tak wènèhké marang nènèk moyangmu lan sing Tak sampèkké marang kowé liwat nabi-Ku.” 14 Ning, wong-wong kuwi ora ngrungokké lan tetep ndableg kaya nènèk moyangé sing ora nduduhké iman marang Yéhuwah Gusti Allahé.+

  • Hoséa 7:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Kesombongané Israèl dadi bukti kanggo kesalahané dhéwé.+

      Senajan ngono, wong-wong kuwi ora mertobat marang Yéhuwah Gusti Allahé.+

      Wong-wong kuwi ya ora nggolèki Dhèwèké padahal wis ngalami kuwi kabèh.

  • Amos 4:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 ’Aku nggawé kowé kelaparan ing kabèh kuthamu

      Lan kekurangan roti ing kabèh omahmu.+

      Senajan ngono, kowé ora mertobat,’+ kandhané Yéhuwah.

  • Amos 5:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Ngabdia manèh marang Yéhuwah bèn kowé tetep urip,+

      Bèn Dhèwèké ora nyingkirké kowé, yaiku keturunané Yusuf, kaya geni,

      Sing ngobong Bètel nganti entèk tanpa ana sing matèni geniné.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim