-
2 Babad 32:21, 22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Terus, Yéhuwah ngutus malaékaté lan nyingkirké kabèh pejuang hébat,+ pemimpin, lan pemimpin pasukan ing perkémahané raja Asiria. Mula, raja Asiria bali ing negarané karo isin. Dhèwèké mlebu ing kuilé allahé, lan ing kono dhèwèké dipatèni anak-anaké dhéwé nganggo pedhang.+ 22 Ya ngono kuwi Yéhuwah nylametké Hizkia lan penduduk Yérusalèm saka Sanhèrib raja Asiria lan saka kabèh mungsuhé. Gusti Allah nggawé wong-wong kuwi bébas saka kabèh mungsuh ing sekitaré.
-
-
Yésaya 31:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Wong Asiria bakal dipatèni nganggo pedhang, tapi dudu pedhangé manungsa.
Wong-wong kuwi bakal dipatèni dudu nganggo pedhangé manungsa.+
Wong-wong kuwi mlayu bèn ora dipatèni nganggo pedhang kuwi,
Lan cah-cah enomé bakal dikongkon kerja paksa.
-