-
Yésaya 20:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Terus Yéhuwah ngomong, ”Yésaya abdi-Ku telung taun mlaku mung nganggo klambi njero lan ora nganggo sandhal. Kuwi dadi tandha+ lan ramalan soal apa sing bakal dialami Mesir+ lan Étiopia.+ 4 Raja Asiria bakal nggawa wong Mesir+ lan wong Étiopia sing ditawan, sing isih bocah lan sing wis tuwa, lan wong-wong kuwi mung nganggo klambi njero lan ora nganggo sandhal, nganti bokongé kétok. Mesir bakal digawé isin.*
-
-
Yérémia 25:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Mula, gelas kuwi tak jupuk saka Yéhuwah, terus aku lunga menyang bangsa ngendi waé Yéhuwah ngutus aku lan ngongkon kabèh bangsa mau ngombé saka gelas kuwi,+
-
-
Yérémia 25:19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Terus marang Firaun raja Mesir, para abdiné, pejabaté, kabèh rakyaté,+
-
-
Yérémia 43:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Ngomonga marang wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ”Aku ngundang* abdi-Ku Nébukhadnézar* raja Babilon.+ Aku bakal ndèlèhké takhtané ing ndhuwuré watu-watu sing Tak dhelikké iki, lan dhèwèké bakal ngedegké kémah kerajaané ing ndhuwuré.+ 11 Dhèwèké bakal teka lan nyerang Mesir.+ Ana sing bakal kena wabah penyakit sing parah, ana sing bakal ditawan, lan ana sing bakal dipatèni nganggo pedhang.+
-
-
Yèhèzkièl 29:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Kabèh penduduk Mesir bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah,
Sebab wong-wong kuwi kaya jerami sing ora isa nyangga wong Israèl.+
-