PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 40:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  9 Hé kowé wong wédok sing nyritakké kabar apik kanggo Zion,+

      Munggaha ing gunung sing dhuwur.

      Hé kowé wong wédok sing nyritakké kabar apik kanggo Yérusalèm,

      Kowé kudu mbengok sing banter.

      Kowé kudu mbengok. Aja wedi.

      Kowé kudu ngumumké iki ing kutha-kuthané Yéhuda, ”Gusti Allahmu arep teka.”+

  • Yérémia 31:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Wong-wong kuwi bakal teka lan sorak-sorak ing Gunung Zion+

      Lan padha bahagia merga apa sing apik saka Yéhuwah,

      Merga biji-bijian, anggur anyar,+ minyak,

      Anak-anak kambing, domba, lan sapi.+

      Wong-wong kuwi bakal dadi kaya kebon sing dialiri banyu.+

      Wong-wong kuwi ora bakal susah manèh.”+

  • Yérémia 33:10, 11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Kowé bakal kandha nèk panggonan iki gersang, ora ana wong utawa kéwané, lan nèk kutha-kutha Yéhuda lan dalan-dalan Yérusalèm wis ditelantarké, ora ana wong utawa penduduk utawa kéwané. Ing panggonan-panggonan kuwi bakal ana manèh 11 swara seneng-seneng,+ swarané mantèn lanang, swarané mantèn wédok, lan swarané wong-wong sing kandha, ”Ucapna syukur marang Yéhuwah pemimpiné pasukan, merga Yéhuwah kuwi apikan.+ Katresnané* ana saklawasé.”’+

      ”’Wong-wong kuwi bakal mènèhké persembahan ucapan syukur menyang omahé Yéhuwah,+ merga Aku bakal nggawa bali rakyat tanah iki sing ditawan. Keadaané wong-wong kuwi bakal dadi kaya sakdurungé,’ kandhané Yéhuwah.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim