PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 25:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  8 Dhèwèké bakal nyingkirké kematian saklawasé.+

      Gusti Yéhuwah sing Mahakuwasa bakal ngusapi air matané kabèh wong.+

      Dhèwèké bakal nggawé bèn umaté ora diécé manèh ing bumi,

      Merga Yéhuwah wis ngomong ngono.

  • Hoséa 13:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Aku bakal nebus umat-Ku saka Kuburan.*

      Aku bakal mbébaské wong-wong kuwi saka kematian.+

      Kematian, ing endi kekuwatanmu sing nggawé sengsara?+

      Kuburan, ing endi kekuwatanmu sing ngrusak?+

      Ning, Aku ora bakal mesakké karo Éfraim.

  • Markus 12:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 Apa kowé ora tau maca ing kitab Musa kisah soal semak berduri sing metu geniné? Pas Gusti Allah kandha, ’Aku Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub,’+ sakjané Dhèwèké lagi ngomong soal wong mati sing bakal diuripké manèh.

  • Yohanes 5:28, 29
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 Aja nggumun soal kuwi, merga bakal tekan wektuné kabèh wong sing ana ing njero kuburan* bakal krungu swarané+ 29 lan metu. Wong-wong sing tumindaké apik bakal urip saklawasé,* ning wong-wong sing tumindaké èlèk bakal diadili.*+

  • Yohanes 11:24, 25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Marta njawab, ”Aku ngerti nèk dhèwèké bakal urip wektu wong mati diuripké manèh+ ing dina terakhir.” 25 Yésus ngomong karo Marta, ”Aku iki sing nguripké manèh lan sing marahi urip.+ Wong sing nduduhké iman marang aku bakal urip manèh senajan wong kuwi wis mati.

  • Kisah 24:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Aku ya nduwé harapan marang Gusti Allah kaya harapané wong-wong iki, yaiku nèk Gusti Allah bakal nguripké manèh+ wong-wong sing bener lan sing ora bener.+

  • 1 Korintus 15:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Kematian ana merga wong siji.+ Wong mati diuripké manèh ya merga wong siji.+

  • 1 Tésalonika 4:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Awaké dhéwé nduwé iman nèk Yésus wis mati lan urip manèh.+ Mula, awaké dhéwé ya nduwé iman nèk wong sing wis mati* merga dadi muridé Yésus bakal diuripké manèh karo Gusti Allah bèn isa urip bareng karo Yésus.+

  • Wahyu 20:12, 13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Terus, aku ndelok wong-wong mati, yaiku wong biasa lan wong penting, ngadeg ing ngarepé takhta kuwi, lan gulungan-gulungan dibukak. Ning ana gulungan liya sing dibukak, yaiku gulungan kehidupan.+ Wong-wong mati kuwi diadili sesuai karo apa sing ditulis ing gulungan kuwi, nurut tumindaké wong-wong kuwi.+ 13 Laut nyerahké wong-wong mati sing ana ing njeroné. Kematian lan Kuburan* ya nyerahké wong-wong mati sing ana ing njeroné. Saben wong bakal diadili nurut tumindaké dhéwé-dhéwé.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim