PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 26:19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Gusti Allah ngomong, ”Wong sing mati bakal urip manèh.

      Umat-Ku sing wis dadi mayat* bakal tangi manèh.+

      Hé kowé sing manggon ing debu,+

      Ayo tangi lan sorak-sorak.

      Embun sing nggawé kowé seger kuwi kaya embun pas ésuk.

      Bumi bakal ngetokké wong-wong sing mati bèn urip manèh.*

  • Matius 22:31, 32
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 Apa kowé ora tau maca sing diomongké Gusti Allah soal wong mati sing diuripké manèh? Gusti Allah ngomong, 32 ’Aku Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub.’+ Dhèwèké kuwi dudu Gusti Allahé wong mati, tapi Gusti Allahé wong urip.”+

  • Lukas 14:13, 14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Ning, nèk kowé nggawé pésta, undangen wong-wong sing mlarat, cacad, pincang, lan wuta.+ 14 Kowé bakal bahagia merga wong-wong kuwi ora nduwé apa-apa kanggo mbales kowé. Merga kowé nindakké kuwi, Gusti Allah bakal mbales* kowé wektu wong-wong bener diuripké manèh.”+

  • Yohanes 5:28, 29
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 Aja nggumun soal kuwi, merga bakal tekan wektuné kabèh wong sing ana ing njero kuburan* bakal krungu swarané+ 29 lan metu. Wong-wong sing tumindaké apik bakal urip saklawasé,* ning wong-wong sing tumindaké èlèk bakal diadili.*+

  • Yohanes 11:25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Yésus ngomong karo Marta, ”Aku iki sing nguripké manèh lan sing marahi urip.+ Wong sing nduduhké iman marang aku bakal urip manèh senajan wong kuwi wis mati.

  • Ibrani 11:35
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 35 Wong-wong wédok isa ketemu manèh karo keluargané sing wis mati merga wis diuripké manèh.+ Wong-wong liyané ora gelem dibébaské,* malah milih disiksa bèn isa diuripké manèh nganggo cara sing luwih apik.

  • Wahyu 20:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Terus, aku ndelok wong-wong mati, yaiku wong biasa lan wong penting, ngadeg ing ngarepé takhta kuwi, lan gulungan-gulungan dibukak. Ning ana gulungan liya sing dibukak, yaiku gulungan kehidupan.+ Wong-wong mati kuwi diadili sesuai karo apa sing ditulis ing gulungan kuwi, nurut tumindaké wong-wong kuwi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim